*suroboyo mode ON asli !! .. wis suwe aku ra mangan tahu tek. kok kangen yo... ? opo maneh ancen wetengku lagi luwe luwene jam sak mene. mb...
*suroboyo mode ON
asli !! .. wis suwe aku ra mangan tahu tek. kok kangen yo... ? opo maneh ancen wetengku lagi luwe luwene jam sak mene. mbuh teko ngendi, aku kok mambu mambu tahu tek bernuansa ndog ceplok. opo irungku sing irung kucing, ta ... dadi penasaran aku. padalan kamarku ra ono pentilasine blas loh.
wis.. ra urus.. aku langsung merat soko ngarep komputer metu nang teras. lha kok ndilalahe jik gremes.. untung ae ono payung nang cideke keset ngarep lawang.
pintu pager tak buka, tak inguk kiwo tengen. kok dhilalahe maneng, kethok onok rombonge wong bakul tahu tek. berarti irungku mau ra ngapusi no.
langsung ae tak cedheki. tapi wonge ngendi ki.
"oalah pak.. pak.. sampeyan nang kono ta.. untung ae durung tak surung rombonge ", mbatin.
"dibongkos mas ?"
"nggih, pak. dibongkos setunggal ndamel tigan nggih. petise kedik mawon pak". *asli ra doyan petiss!
" ... " (ra njawab ki, sibok ngracik bumbu)
fiiuh.... ancene suedep ambune.. rasalah lek wetengku sempet kaliren pas mambu mambu mau...
ra let suwe, wis mari. cik cepete... wah... bakule propessonal kie...
"wah, kreseke kegedhen mas.." jare sing bakul karo ngongkreh ngongkreh kropok tekan wadah kong guan dilebokno kresek isi buntelan tahu tek.
aku mesem karo mbatin. " mboten nopo pak. isine rak tambah akeh, to.. kekekekk"
lha kok tenan... kropoke dike'i huakeh... brontong aku kie...
"pinten pak ?" "tingang ewu dik" .. wa.. untung dompetku isine duwet ewonan tok..
"matur suwun, pak.." "nggih, sami sami..."
ra sabar, langsung ae aku ngibrit bali muleh. mampir nang pawon njopok sendhok trus mlebu kamar, njupuk piring, madep komputer maneh karo ngrasakno tahu tek bapake mau..
nyamm.. nyammie... nyammie... terobati wis kangenku karo tahu tek...
ra nganti limang menit wis ludes..... wakakakaka...
COMMENTS