suroboyo mode : ON tek.. tek tek tek ...tek... -> sing liwat wong bakul tahu tek. ting.. ting ting ting .. ting.... -> sing liwat ...
suroboyo mode : ON
tek.. tek tek tek ...tek...
-> sing liwat wong bakul tahu tek.
ting.. ting ting ting .. ting....
-> sing liwat wong bakul cemoe utowo bakul bakso mangkokan.
tok.. trotok tok tok ....
-> sing liwat wong bakul mie tok utowo sego goreng. lek ra ngono wong bakul pangsit mie.
teng.. trenteng ... teng teng ...
-> sing liwat wong bakul es gabus tapi rung entek es e.
terrr... terrr...terrrr.....
-> sing liwat wong tukang becak.
nguuuu..uuu..ng...nguuu..uuu...ung....
-> sing liwat wong bakul puthu.
teeeeee....yy.. !!!!
-> sing liwat wong bakul sate
klinting ting klinting klinting ..
-> sing liwat wong bakul es lilin, tapi kadang es e wis mbanyu..
peeee...e.yy.. !!
-> sing liwat wong bakul tape
COMMENTS